Brilio.net - Selain sebagai penyampai pesan, pantun seringkali menjadi hiburan tersendiri lewat kata-katanya yang enak didengar. Meski termasuk jenis puisi lama, pantun masih tetap eksis hingga masa sekarang. Biasanya orang menulis pantun untuk status media sosial atau dikirim ke orang-orang terdekat.

Salah satu pantun yang cukup populer adalah pantun lucu. Jenis pantun ini bisa membuat suasana menjadi cair, menyenangkan, dan berkesan. Tak melulu terdiri dari empat baris, pantun lucu bisa diringkas menjadi dua baris. Sehingga, lebih disingkat dan tidak bertele-tele.

Terdapat beberapa kumpulan pantun lucu yang bisa membuatmu tertawa lepas. Momen bahagia itu akan makin berkesan apabila kamu membaca pantun lucu dalam bahasa daerah. Salah satunya ialah bahasa Jawa.

Pantun lucu menggunakan bahasa Jawa tetap bikin ngakak bagi siapa pun yang memahami. Berikut ini 79 pantun lucu dua baris bahasa Jawa yang bisa dijadikan hiburan, dirangkum dari berbagai sumber pada Kamis (9/9).

1. Lungo warung tuku jamu
Aku tresno marang sliramu

2. Sego bancakan dimaem Mas Rian
Tak kiro dadi tujuan, jebul mung pelarian

3. Tuku kayu neng cedhak Pasar Triwindu
You are not alone, im here with you

4. Tuku bawang kliru mrico
Wes kadung sayang mek dianggep konco

5. Sayur asem ayam bakar
Lambene mesem atine ambyar

6. Mangan bandeng karo roti
Bojo ngganteng nglarakno ati

7. Goreng peyek nang tengah wajan
Mending bojo elek tonggo ra doyan

8. Gunung talang gunung sumbing
Aku sing berjuang wong liyo sing nyanding

9. Nek ngiwo yo ngiwo rasah nengen
Sing lungo yo lungo rasah kangen

10. Godong tales godong duren
Chat ora dibales padahal online

11. Neng lapangan dolanan karo Paul Pogba
Tiwas tenanan kok kono malah mung coba coba

12. Dino minggu tanggal dua dua
Sing dirindu kok malah mendua

13. Nang Magelang ono Boroudur
Nek ra disayang yowes mundur

14. Godong klapa jenenge klari
Arep nyapa wedi dicueki

15. Nyangking klapa kiwe tengen
Ora nyapa ora berarti ora kangen

16. Ana kembang ketancep paku
Nek temenan sayang temoni bapakku

17. Nandur jahe nang mburi umah
Ora karo koe ora masalah

18. Tuku dawet nang pinggir dalan
Pikirane mumet mantan nyebar undangan

19. Dinone kamis tanggale pitu
Arepo hubunganmu romantis, durung tentu wong tuwone setuju

20. Jumat kliwon udane gerimis
Tak sawang sawang koe tambah manis

21. Tuku bungkusan njerone jajanan
Wes kadung nyaman jebul mung konconan

22. Udan-udan lemah teles
Tiwas chat di enteni jebul ra dibales.

23. Tuku sapu nang pasar gede
Cedake karo aku lakok jadiane karo dee

24. Wet kates jumlah e papat
Wes rausah sambat

25. Tuku jamu katutan paku
Jodohmu iku sebenere aku

26. Nonton wayang karo dik salwa
Jarene sayang tapi kok mung liwat wa

27. Mangan roti dicampur kluwo
Duh Gusti paringono jodoh kagem kulo

28. Gula pasir kopine luwak
Wani naksir ora wani nembak

29. Mangan cumi campur roti
Tiwas diniati jebul ditinggal rabi

30. Dino Jumat dino Minggu
Rindune kumat pengen ketemu

31. Dolan Semarang pas tanggal limolas
Wis kadung sayang blas ora digagas

32. Bunga sepatu bunga dahlia
Kalah ayu menang setia

33. Tuku gendis nek pasar minggu
Hai manis apa kabarmu

34. Menyang pasar tuku madu
aku rindu karo senyummu

35. Tuku banyu tekan Jerman
Ora kudu ayusing penting nyaman

36. Weruh coro nang ngisor runtah
Senajan jomblo sing penting atine bungah

37. Kitab kuning kitabe santri
Ayo kabeh sing sregep ngaji

38. Buto ijo mangkat sekolah
Ra nduwe bojo ora masalah

39. Nggelar kloso lungguh wong papat
Dino selasa ayo semangat

40. Gatotkoco mangan gombong
Nek kekonco, ojo mung trimo ndomblong

41. Mangan gurame karo angon sapi
Yen sanggup dilakoni, ora sanggup ditinggal ngopi

42. Abdul Somad ceramah ing Jawa Timur
Senajan ragaku kuat nanging atiku ajur

43. Panen brambang diwadhahi godhong
Wis kadung sayang malah digondhol uwong

44. Pasar Bandar Pasar Tugu
Atiku ambyar mergo sliramu

45. Tuku kripik gedang bungkuse ijo
Tiwas mbribik ngasi begadang jebul wis nduwe bojo

Pantun lucu dua baris bahasa Jawa, menghibur diri.

Pantun lucu dua baris bahasa Jawa © berbagai sumber

foto: Instagram/@republikparikan

46. Sing iki kembang sing iku beling
Kene sing sayang kono sing hepi ending

47. Jaran kepang ora tau rewel
Golek duit iku gampang entuke sing angel

48. Montor Jepang mesine ulet
Ngutangi gampang nagihe sing mbulet

49. Yen duwe jaran ojo dikasari
Awale njaluk saran akhire dipacari

50. Yen dasare wis males ora sah ditari
Yen uripmu wis fales ora perlu digitari

51. Pring bumbung wadhahe bakmi
Karepe nembung malah diulemi

52. Bisa nembang bisa nyuling
Bisa nyawang ora bisa nyanding

53. Siji loro telu pitu wolu songo
Cedak karo aku rabine karo wong liyo

54. Tumbas sayur asem lali ra mbayar
Tetep mesem senajan ati ambyar

55. Ngarit suket karo merem
Yen ora rapet aku ra marem

56. Mobil macet ra isoh balapan
Raine pucet urung sarapan

57. Jangan bayem lawuh krupuk
Disawang ayem tapi atiku remuk

58. Jangan nget-ngetan ora indah
Sing dirindukan malah wis pindah

59. Tuku mangan adohe tekan Jerman
Ora perlu menawan sing penting iso golek sandang pangan

60. Kresek-kresek dalam ember
Hidungmu pesek lambemu dower

61. Neng pandan tuku ronde
Nelpon gendakan kleru bojone

62. Kloso pandan taline limo
Arepo udan tetep makaryo

63. Mangan intip karo klopo
Dadi wong urip usaha o

64. Tuku jamu ning Suramadu
Nyanding sliramu rasane syahdu

65. Kayu glugu digraji-graji
Dasar ayu kog pinter ngaji

66. Semarang kaline banjir
Wis dadi mantan rasah dipikir

67. Tuku pete tuku klambi
Saiki wayahe ngopi

68. Mbah kakung putune ayu
Arep ditembung wonge mlayu

69. Ning Kalimantan numpak kapal
Ketemu mantan pengen tak untal

70. Sambel wader segone sak tumbu
Atiku mbok pager karo kesetiaanmu

71. Moco koran panganane bakwan
Kesuwen pacaran akhire balikan

72. Pring gading dipenek lunyu
I'm nothing without you

73. Mlaku-mlaku menyang Kediri
Bojo ayu akeh sing meri

74. Ojo ngaku Kalongan nek aslimu Batang
Ojo wedi kelangan nek kowe yakin sayang

75. Golek banyu tekan Jerman
Ora kudu ayu sing penting nyaman

76. Mangan getuk marai lemu
Senajan ngantuk tak enteni balesanmu

77. Suket teles kudanan sore
Atiku ngenes mikirne kowe

78. Ono sapi ning Kulonprogo
Iki ati tulong dijogo

79. Nandur pari dipager boto
Tiwas dipacari dirabi konco