Brilio.net - Pantun merupakan salah satu bentuk puisi lama yang sudah mengakar kuat di kebudayaan Indonesia. Hampir semua orang menyukai pantun dan tak sedikit yang sangat ahli dalam berbalas pantun.

Nggak hanya dibuat dengan bahasa Indonesia, pantun juga bisa disajikan dengan bahasa daerah. Salah satu bahasa daerah yang terkenal di Indonesia yakni bahasa Jawa. Jika kamu orang Jawa atau ingin memperkenalkan bahasa Jawa kepada teman-temanmu, kamu bisa memberikan pantun kepada mereka.

Kamu bisa membuat pantun bahasa Jawa dengan kata-kata lucu, sehingga orang yang mendengarnya bisa tertawa karena merasa terhibur. Sebagai referensi, yuk simak 75 pantun lucu bahasa Jawa, dirangkum brilio.net dari berbagai sumber pada Kamis (12/8).

1. Cah wedok sangune bedak
Ono cah lanang untune gingsul
Niat kulo sampun badhe cedak
Nanging nyatane malah diaturi wangsul.

2. Bisa ngendhang
Ora bisa nyuling
Bisa nyawang
Ora bisa nyandhing.

3. Jumat kliwon udane gerimis
Enake ngopi karo mendoan
Tak sawang sawang koe tambah manis
Sayange koe ra ngajak balikan.

4. Pamit lungo menyang Seturan
Jebule dolan nang Palagan
Senajan ati lagi kelaran
Tangi saur kudu tetep jalan.

5. Mangan bandeng karo roti
Nggoreng peyek nang tengah wajan
Bojo ngganteng nglarakno ati
Enak bojo elek, tonggo gak doyan.

6. Wet kates jumlahe papat
Tuku jamu katutan paku
Wesss rausah sambat
Jodohmu iku sebenere aku.

7. Suwe ora mangan ketan
Ketane digoreng sangan
Suwe ora ketemu mantan
Ketemu pisan aweh undangan.

8. Esuk-esuk cuacane cerah
Golek kerja sing barokah
Kancane wis pada nikah
Lhaa aku nglamar ae susah.

9. Dolan Semarang
Pas tanggal limolas
Wis kadung sayang
Blas ora digagas.

10. Yuk Siti tuku blewah
Ngombene serabi lungguh mbegagah
Wes diragati ngentekno sawah
Kok malah dirabi tonggo sebelah.

11. Tuku gendis nek Pasar Minggu
Ojo lali tuku madu
Hai manis piye kabarmu
Aku kangen karo awakmu.

12. Kitab Kuning kitabe santri
Tahu tempe menu sarapan
Ayo kabeh sing sregep ngaji
Tak usahlah kelingan mantan.

13. Sore-sore masak rempelo ati
Mak bedhundhug ono wong edan
Piye wis tak tresnani setengah mati
Malah jebul kowe main wedokan.

14. Mancing undur-undur oleh sepuluh
Mlayu ngalor kolore pedhot
Sopo sing nandur bakale ngunduh
Ngunduh ora nandur jenenge codot.

15. Mlayu mlayu karo ponakan
Mancing iwak nang Kali Serayu
Lagi mlaku weruh wong pacaran
Sing lanang elek sing wadon ayu.

16. Lagi bal-balan kecocok paku
Ora nulungi malah padha ngguyu
Senajan kowe wis ninggal aku
Tetep tek tunggu sekuat-kuate atiku.

17. Sore-sore pengen tumbas buah duku
Sing tak tuku malah putu ayu
Rasane loro atiku
Nek ngerti mantane jebul luwih ayu.

18. Paijo ngasah belati
Belati gawe mbeteti gurami
Masio koe ngayelke ati
Tapi aku cinta setengah mati.

19. Kembang dahlia kembang krisan
Kegawa angin tiba nang ratan
Percuma esih nyimpen perasaan
Nek wis ora mungkin bisa dadian.

20. Banyu adem
Diwadai cingker
Kangen nganti mendem
Seng dikangeni ra miker.

Pantun bahasa Jawa 4 bait penuh makna.

<img style=

foto: freepik.com

21. Mangan bakwan iseh anget
Dipangan karo lombok ijo
Awan-awan adus keringet
Luwih penak diadusi karo kembang deso.

22. Isuk-isuk golek banyu
Golek banyu tekan Jerman
Ora mesti kudu ayu
Sing penting nyaman.

23. Mlaku mlaku tuku buku
Ora lali tuku bandho
Nasihat guru ayo digugu
Supaya ora dadi bodho.

24. Sore sore nganggo peci
Ora lali ngaca dandan
Tiwas mlayu mangkat ngaji
Jebule durung katokan.

25. Tuku sego duite ilang
Tekan omah entuk ketan
Eehh aku cuma mau bilang
Eh piye kabare mantan?

26. Menyang pasar tuku gendeng
Mlirik ngiwa ana wong bagus
Tiwas ngroso uwis ganteng
Jebul raine kebak angus.

27. Dina minggu menyang solo
Mampir pasar tuku klambu
Ojo durhaka marang wong tuo
Supaya uripmu ora ajur.

28. Isuk nyuling sore nyuling
Sulinge arek Yogyakarta
Isuk eling sore eling
Seng dieling ora rumongso.

29. Mertamu karo nggowo pitik
Pitike kuning cengger tempe
Ngelmu oleh kari sitik
Seng penting ora mutong karepe.

30. Neng pasar tuku semongko
Adek kepengen sawo
Nek gak kepengen melbu neroko
Nuruto omongane wong tuo.

31. Bubar mangan midak upa
Mangan meneh imboh pindho
Tresno iku dudu masalah rupa
Uga dudu masalah bondho.

32. Putih-putih kembang randu
Kuning abang kembang palase
Ati seddih nang awak kuru
Kelingan adik ayu rupane.

33. Ono yuyu keblekan watu
watune belah dadi pitu
Pancen sliramu sing paling ayu
tambah ayu nek dadi pacarku.

34. Lelene mati ditutuk
Gowo mrene tak sujanane
Yen merene ra nate petuk
Ndang merene tak entenane.

35. Direwangi buroh
Ge nyukupi butoh
Ati wes kependem iloh
Seng dikangeni etok-etok ga weroh.

36. Mlaku-mlaku dina Minggu
Lungane tuku ketan
Buku iku sumber ilmu
Ilmu kanggo panguripan.

37. Ana menungsa ana jin
Lagi keder rebutan dana
Bocah sekolah kudu rajin
Endah pinter ilmune berguna.

38. Masak gulai anggo santen
Santene sing koyo susu
Yen wengi ojo mung mobile legend
Kudu eling marang sinau.

39. Dino minggu tuku buku
Bukune bahasa Jawa
Isih enom akehi sinau
Supaya tuwa ora nelangsa.

40. Menyang sawah arep macul
Nyambut gawe kang becik
Yen pengin pendidikan unggul
Wenehono sarana kang apik.

Pantun bahasa Jawa 2 bait bikin ngakak.

<img style=

foto: freepik.com

41. Sego bancakan dimaem Mas Aryan
Tak kiro aku dadi tujuan, jebul mung nggo pelarian.

42. Tuku bawang kliru mrico
Wes kadung sayang...eee.. mek dianggep konco.

43. Kembang yo kembang, nek keno angin yo kabur
Berjuang yo berjuang, nek ora dihargai yo mundur.

44.  Gunung Talang Gunung Sumbing
Nyong sing berjuang wong liya sing nyanding.

45. Godong tales godong duren
Chat ora dibales padahal online.

46. Nek ngiwo yo ngiwo rasah nengen
Sing lungo yo lungo rasah kangen.

47. Neng lapangan dolanan dakon karo Paul Pogba
Tiwas tenanan ha kok kono jebul malah mung coba coba.

48. Dino Minggu tanggal dua dua
Sing dirindu kok malah mendua.

49. Nang Magelang, ono Boroudur
Nek ra disayang, yowes mundur.

50. Ana kembang ketancep paku
Nek temenan sayang temoni bapakku.

51. Dinone Kamis tanggale pitu
Arepo hubunganmu romantis, durung tentu wong tuwone setuju.

52. Tuku bungkusan, njerone jajanan
Wes kadung nyaman, jebul mung konconan.

53. Udan-udan lemah teles
Tiwas chat di enteni jebul ra dibales.

54. Nonton wayang karo Dik Salwa
Jarene sayang tapi kok mung liwat WA.

55. Mangan roti dicampur kluwo
Duh Gusti paringono jodoh kagem kulo.

56. Bunga sepatu bunga dahlia
Kalah ayu menang setia.

57. Weruh coro nang ngisor runtah
Senajan jomblo sing penting atine bungah.

58. Lewat Stasiun Tugu nggowo pari
Senajan iki minggu tresnaku ratau prei.

59. Mlaku cekeran menyang sekaten
Saiki pacaran sesok rung mesti dadi manten.

60. Tuku banyu tekan Jerman
Ora kudu ayu, sing penting nyaman.

61. Mangan cumi campur roti
Tiwas diniati jebul ditinggal rabi.

62. Gula pasir kopine luwak
Wani naksir ora wani nembak.

63. Tuku sapu nang Pasar Gede
Cideke karo aku lakok jadiane karo dekne.

64. Neng angkringan pesen kopi
Ojo pecicilan yen ora ngatasi.

65. Budal Kalimantan, numpak kapal
Ketemu mantan, pingin tak untal.

66. Mangan jenang sambi tolah-toleh
Dadio wong lanang ingkang sholeh.

67. Beras ketan campur gula jawa
Miras oplosan pencabut nyawa.

68. Ngopi Vietnam bareng Jessica
Ayo podo senam ben awake rosa.

64. Kue puthu enake dipangan anget
Momong putu marakke kemringet.

65. Nyiduk banyu seko njero kolah
Yen pengen golek ilmu ayo podho sekolah.

66. Sayur asem ayam bakar
Lambene mesem atine ambyar.

67. Godong klapa jenenge klari
Arep nyapa wedi dicueki.

68. Godong kemangi ambune wangi
Ojo kemaki mundak dimusuhi.

69. Nyangking klapa kiwe tengen
Ora nyapa ora berarti ora kangen.

70. Bar adus menyang Kudus
Ojo cedak wedus mundak prengus.

71. Anak kebo jenenge gudhel
Bocah kok kandanane ngeyel.

72. Ning Semarang tuku klopo.
Dadi wong ojo bodho.

73. Dino Sebtu jalan-jalan
Nduwe untu kok pageran.

74. Mangan jenang rasane manis
Dadi lanang ojo gampang nangis.

75. Bunga melati mambune wangi.
Sing wes mati ojo ditangisi.