Pantun merupakan syair lama yang banyak dikenal dan disukai oleh masyarakat Tanah Air. Dengan berpantun, kamu bisa merasa terhibur, senang, atau seperti dinasihati.

Pantun pun dikenal luas di masyarakat Jawa. Pantun dalam bahasa Jawa disebut sebagai parikan. Seperti halnya pantun berbahasa Indonesia, pantun Jawa juga memiliki beragam jenis, mulai dari pantun jenaka, nasihat, hingga teka-teki.

Bagi kamu yang suka dengan pantun jenaka bisa juga membaca pantun-pantun yang bermuatan gombal dan bikin tertawa terbahak-bahak. Nah, berikut brilio.net rangkum dari berbagai sumber, Senin (23/8), inilah pantun Jawa yang gombal dan lucu abis.

1. Tuku gelang neng Sekaten

Suwe lehmu ilang, bareng ketok wis dadi manten.

2. Mlaku cekeran menyang Sekaten

Saiki pacaran sesok rung mesti dadi manten.

3. Dolan neng Sekaten lali ra nggowo sangu

Berharape sih dadi manten, tapi aku iso opo nek wong tuamu ra setuju?

4. Akeh panganan milihe rendang

Wis perhatian jebulane ora sayang.

5. Kembang sore kembang cemara

Iwak bawal langka sungute

Tresnaku karo koe kaya segara

Ora bakal ana asate.

6. Iso nembang ora iso nyuling

Iso nyawang ora iso nyanding.

7. Tuku nangka karo sate

Nangka mentah ra enak rasane

Aku tresna marang koe

Tapi koe tresna liyane

8. Kiwo kopling, tengen gas

Mbok menowo aku nggo koe ra penting, tapi mbok yo perhatianku ra ketung sithik digagas.

9. Weruh coro nang ngisor runtah

Senajan jomblo sing penting atine bungah

10. Tuku wedang ronde karo tape

Wis sue aweh kode ora peka bae.

11. Mendung durung mesti udan

Durung nembung malah kedisikan.

12. Tuku jamu karo nyawang wong ayu

Sanajan lemu tetep muat ning njero atiku.

13. Jangan bayem lawuhe krupuk

Disawang ayem ning ati remuk.

14. Nganjuk kertosono

Wis kadung tresno bocahe seneng wong liyo.

15. Tali kawat diuntri-untir

Yen ora kuat rasah dipikir.

16. Tuku pitik wadahi karung

Tak kiro apik jebule nikung.

17. Kaosku suwek kecantol lawang

Gayane cuek asline sayang.

18. Jangan bayem lawuhe tahu

Atiku ayem yen nyandhing sliramu.

19. Nandur pari dipager boto

Tiwas dipacari dirabi konco.

20. Tuku pare ning Cemoro Sewu

Cukup kowe sing ning atiku.

21. Logone beruang iklane nogo

Tiwas kene berjuang kowe malah ro wong liyo.

22. Mlaku-mlaku menyang Kediri

Tuku sewek bakule tuwek

Bojo ayu akeh sing meri

Bojo elek akeh sing ngenyek.

23. Lewat Stasiun Balapan nggowo pari

Sanajan iki tanggal abang, tresnaku ra tau prei.

24. Mangan seblak dicampur balsem

Wis tak tembak tibake ra gelem.

25. Siji loro telu papat

Limo nem pitu wolu

If your days is so bad

I still love you.

26. Golek banyu sampek Jerman

Ora kudu ayu sing penting nyaman.

27. Ojo ngaku Kalongan nek aslimu mBatang

Ojo wedi kelangan, nek kowe yakin sayang.

28. Munggah Gunung Prau liwate mBawang

I love you sayang.

29. Teh manis jahe susu

Kowe manis tapi dudu pacarku.

30. Mlaku-mlaku nyang Kademangan

Ojo lali mampir Candi Simping

Aku mung iso nyawang

Durung mesti iso nyanding.

31. Wit sirih uripe mrambat

Tinggal metik ra perlu tuku

Wis ra usah sambat

Jodohmu kui sebenere aku.

32. Dolan ngidul golek wedhi

Wedhine soko Pantai Tambak

Wis berharap padamu suwi

Kok ora ndang ditembak-tembak.

33. Liburan menyang Ancol bareng Komar

Ojo lali numpak kora-kora

Misal sesuk awakmu tak lamar

Kiro-kiro mbok tompo opo ora?

34. Main mata mesam-mesem

Neng tetep cinta biarpun abang keteknya asem.

35. Sambel wader segone sak tumbu

Atiku mbok pager karo kesetiaanmu.

36. Jangan terong sambel bawang

Ora wani ngomong padahal atine sayang.

37. Moco koran camilane bakwan

Kesuwen pacaran akhire balik kanan.

38. Budi Doremi duet karo Suketi

Masio pandemi sliramu tete ning ati.

39. Pring gading dipenek lunyu

I'm nothing without you.

40. Gedhang kepok dimasak kolak

Ora kapol, meski sering mbok tolak.

41. Ngemplok gedhang banjur mapan turu

Jare wis ra sayang, lha kok ngomong rindu?

42. Buah duku manis koyo esemmu

Opo aku oleh dolan omahmu?

43. Bakar jagung panenan Mas Riki

Wis ra kebendung kangenku iki.

44. Langite mendung rung mesti udan

Tresnane wuyung ora perlu edan.

45. Jenang ayu seko Pasar Triwindu

Hai cah ayu, I'm here with you.

46. Pitik walik sobo kalitan

Hai cantik, yuk ning pelaminan.

47. Udan deres klambine klebes

Atine grantes eluhe mbrebes.

48. Dino minggu tanggal patbelas

Abote rindu tapi chat tak terbalas.

49. Iwak teri bungkus e biru

Sing teko keri biso nyanding sliramu.

50. Sego bancakan numplak ning ndalan

Tak kiro aku dadi tujuan, jebul mung pelarian.

51. Nyambut gawe ning tengah sawah

Ora karo kowe, ora masalah.

52. Gulo asem jadah bakar

Lambene mesem jebul atine ambyar.

53. Ono lintang ning awang-awang

Kowe sing tak sayang, ojo malah ngilang.

54. Nonton Sekaten jajane ketan

Yen ra dadi manten, yo dadi mantan.

55. Blimbing kuning manis rasane

Sing klambi kuning manis rupane.

56. Masak bakmi kakean kecap

Mung mbok esemi atiku deg-deg siap.

57. Bocah ayu-ayu gemes kabeh

Eh kamu, I love you bibeh.

58. Mangan ampyang lha kok entek papat

Tekane kasih sayang wajib setiap saat.

59. Lek Paino kulak kacang koro

Ojo dolanan tresno yen ra pengen keloro-loro.

60. Numpak gerobak dioyak gombloh

Ning mata cedak ning ati adoh.

61. Banyu sing seger wadahe kendi

Disimpen rapet ngisor wit randu

Cita-citaku mung ono siji, urip barengan karo sliramu.

62. Udan deres dalane lunyu

Njegur ning kali nggoleki yuyu

Rasa tresnaku marang sliramu

Ra bakal ilang tekan patiku.

63. Pitike ngendok cacahe wolu

Sing papat ilang mung kari telu

Yen pancen seneng marang sliraku

Ojo kesuwen ayo ning penghulu.

64. Godhong mlinjo dipangan walang

Yen wis jodho ra bakal ilang.

65. Ing wayah esuk njedul srengenge

Ning nduwure langit sing werna biru

Sanadyan kerep nglirik liyane

Atiku tetep kanggo sliramu.

66. Bokonge mleding disunduk biting

Biyene gething saiki nyanding.

67. Golek sing cilik milihe duku

Gampang goleke ing wayah udan

Ojo mbok gantung rasa tresnaku

Mergo atiku dudu jemuran.

68. Nggodhok srikaya dicampur santen

Bareng wis mateng diwadahi kreneng

Ora ketemu marai kangen

Barang ketemu marai puyeng.

69. Tengahe sendang ana pancuran

Banyune bening sehat diombe

Tiwas kesuwen sing LDR-an

Jebul nikahe karo tanggane.

70. Sarapan esuk lawuhe tempe

Bumbune uyah dicampur tumbar

Ketemu mantan ing wayah sore

Bengine gawe kenangan anyar.

71. Dolanan engklek dioyak jaran

Katone cuek jebul baperan.

72. Esuk tahu sore tempe

Dek aku kangen kowe.

73. Godhong waru diwei nang kancane

Arep cemburu tapi udu sapa-sapane.

74. Masak iwak tuna kuahe santen kelapa

Sing dijaluk tresna sing disawang rupa.

75. Mlaku-mlaku jare ben ora jemu

Nyong terpaku kepethuk sliramu.

76. Akhir pekan dolane ning Bali

Arep kenalan ning ra nduwe nyali.

77. Mangan siomay bareng sepiring nggo wong loro

I love you today and I will love you tomorrow.

78. Mlebu salon mbake ayu ayu

How can I move on when I'm still in love with you.

79. Nang pasar tuku kepiting

You're my everything.

80. Kali Klawing Kali Serayu

I can't stop thinking about you.

81. Upil cilik dulinan kayu

I will find someone like you.

82. Mas Farid dolanan banyu

Don't be afraid I always love you.

83. Ayu-ayu lungguhe nangkring

Without you my life is nothing.

84. Tuku blimbing menyang nang pasar

Cause girl you're amazing, just the way you are.

85. Awak lemu, keciliken kemben

So would you be my husband?

86. Italia mlebu final

Sakwise menang adu pinalti

Lek mek sekadar kenal

Ojo gampang ngomong sayang, opomeneh sampek dilebokno ati.

87. Wangi wangi banyune sabun

Tak rewangi adus kungkum

Tresnaku ra bakal alum

Tak enteni yen sliramu purun.

88. Tuku karcis numpak belo

Tiwas necis jebul jomblo.

89. Neng njero kamar ngumpul cah peesan

Dikiro nglamar jebul njaluk sumbangan.

90. Tuku klepon, klepon'e seko ketan

Jare wis move on, jebul mben wengi mung nangisi mantan.

91. Ono ketan ono jamu

Urusan mantan ora melu-melu.

92. Tumbas gulo ning Ganjuran

Jebul kowe mung harapan.

93. Iso gambang ora iso ndemung

Iso nyawang ora wani nembung.

94. Mangan bakso ing wayah awan

Duh dek kowe kok menawan.

95. Ora iso renang, banyu mlebu kuping

Isone mong nyawang, ora iso nyanding.

96. Nggarap PR ngemil tempe

Aku le GR opo kowe PHP.

97. Panas panas ngombe es degan

Iki ati mas dudu dolanan.

98. Wajik Kletik dipangan Luna Maya

Adek yang cantik apa kabarnya?

99. Tuku bubur nang pinggir ndalan

Atiku ajur kerono sampeyan.

100. Christian Gonzales Bambang Pamungkas

Yen tresno ora dibales jan lorone nganti mbekas.

101. Kembang melati dironce-ronce

Sliramu seneng setengah mati, lha aku-ne ora piye-piye.